Tembang macapat minangka salah sawijine warisan leluhur lan karya sastra sing nduweni tanda seje dewe dewe. Yen nulis tembang macapat nduweni paugerane yaiku metrum sing beda-beda saka saben tembang. Liyane iku saben tembang nduweni karep utawa watak sing minangka tanda mlakune manungsa saka lair nganti metuki mati dirangkum ing saben tembang macapat.
Kagunan tembang macapat sing dijabarake dening Warsesa ing Suwardi (2006:15) bisa dikelompokake dadi mangkene manut karo watak tembang.
No.
|
Maneka warna
tembang
|
Tabiyat
|
Kagunan
|
1.
|
Mijil
|
Asih,
prihatin, pangajab
|
Mulang
tiyang ingkang nembe prihatin
|
2.
|
Kinanthi
|
Seneng
asih, kasmaran, krasa ngenteni
|
Mituturi,
pratelan tresna, gandrung
|
3.
|
Sinom
|
Ethes,
kenes, susah, trenyuh, luruh
|
Mulang,
nggambara
|
4.
|
Asmaradana
|
Tresna,
susah, kesengsem
|
Mahyaaken
tresna, kasmaran
|
5.
|
Dhandhanggula
|
Luwes,
seneng, endah
|
Kangge
menapa kemawon cocok
|
6.
|
Gambuh
|
Sumanak,
sumedulur
|
Mulang,
mituturi
|
7.
|
Maskumambang
|
Nelangsa,
ngeres-eresi, susah
|
Mahyaaken
raos nelangsa, susah
|
8.
|
Durma
|
Keras,
nepsu, semangat, tegang
|
Tiyang
nesu, perang
|
9.
|
Pangkur
|
Sereng,
nepsu
|
Pitutur
radi srengen
|
10.
|
Megatruh
|
Prihatin,
getun, keduwung, sedhih
|
Cariyos
sedhih, prihatin, nelangsa
|
11.
|
Pucong
|
Sembrana,
parikena
|
Cangkriman,
lelucon, goyun
|
Sumber:
Suwardi. 2006. Dasar-Dasar
Pembelajaran Tembang. Bahan Pelatihan Bahasa Jawa SMA/MA/SMK Dinas
Pendidikan Kabupaten Magelang, Magelang, 22-23 Juli.
0 komentar:
Posting Komentar