Jumat, 14 Maret 2014

(4). Tabiyat Tembang Macapat


BELUM DIUBAH KE BHS INDONESIA

1.  Mijil
Tembang mijil nduweni watak nrenyuh lan kepencut. Tembang kasebut trep dienggo ngutarakake kahanan trenyuh, nyemsemake ing kaitane karo katresnan lan pitutur (Haryatmo lsp, 2003:17).
2. Kinanthi
      Watak tembang kinanthi yaiku nyawiji, seneng lan raket. Watak kasebut trep kanggo menehi pitutur lan ngutarakake katresnan (Haryatmo dkk, 2003:16).
      3. Sinom
Tembang sinom nduweni watak seneng, seneng banget lan memikat. Saka sisih paedahe, tembang sinom mathuk kanggo nggambarake kahanan gerak sing ngetokake keprigelan (Haryatmo dkk, 2003:14).
4. Asmaradana
 Tembang asmaradana nduweni watak sedih, kangen, lan mesra. Watak kasebut luwih mathuk digunakake kanggo ngutarakake rasa sedih, kangen, lan mesra (Haryatmo dkk, 2003:18).
5. Dhandanggula
  Watak dhandhanggula karaktere manis, luwes sarta memukau. Tembang iki cocok digunakna kanggo nggambarake akeh prekara lan kahanan (Hardjowirogo dkk dalam Haryatmo, 2003:12).
  6. Gambuh
Tembang gambuh sing nduweni watak wajar, jelas, lan ora ragu-ragu. Tembang iki cocok digawe ngungkapake prekara sing sifate kulawarga, pitutur sarta nggambarake kesungguhane ati (Haryatmo dkk, 2003:20).
7. Maskumambang
Tembang maskumambang nduweni watak susah, nelangsa, trenyuh, nelangsa lan kebak pacoban. Tembang iku cocok digawe nggambarake kahanan sedih, trenyuh, nelangsa lan kebak kasengsaraan (Haryatmo dkk, 2003:21).
8. Durma
Tembang durma dhuweni watak semangat, atos, galak. Watak kasebut cocok digunakake kanggo ngungkapna rasa nesu, mangkel, lan kahanan ing peperangan (Haryatmo dkk, 2003:22).
9Pangkur
Nggambarake watak utawa karakter sing gagah, perwirabergairah, lan bersemangat. Cocok digawe nuturi supaya semangat, nggambarake carita sing berapi-api, sarta nggambarake kahanan sing suarane atos (Haryatmo dkk, 2003:13).
10. Megatruh
Tembang megatruh nduweni watak susah, sedih, kebak karo kasengsaran, lan nelangsa. Watak kasebut cocok kanggo nggambarake kahanan sedih, kebak karo kasengsaran, kuciwa, lan nelangsa (Haryatmo dkk, 2003:21).
11. Pucung
            Tembang pucung nduweni watak santai, sakarepe, cocok kanggo nggambarake kahanan santai, sakarepe, lan kurang tenanan (Haryatmo dkk, 2003:19).
               

          Sumber: Haryatmo, Dkk. 2003. Macapat Modern dalam Sastra Jawa: Analisis Bentuk dan Isi. Jakarta: Pusat      Bahasa Departemen Pendidikan Nasional.

Recent Posts

QC

Diberdayakan oleh Blogger.

Translate