Selasa, 11 Maret 2014

(4). Watak Tembang Macapat





           1.  Mijil
        Tembang mijil nduweni watak nrenyuh lan kepencut. Tembang kasebut trep dienggo ngutarakake kahanan trenyuh, nyemsemake ing kaitane karo katresnan lan pitutur (Haryatmo lsp, 2003:17).
2. Kinanthi
            Watak tembang kinanthi yaiku nyawiji, seneng lan raket. Watak kasebut trep kanggo menehi pitutur lan ngutarakake katresnan (Haryatmo dkk, 2003:16).
     3. Sinom
        Tembang sinom nduweni watak seneng, seneng banget lan memikat. Saka sisih paedahe, tembang sinom mathuk kanggo nggambarake kahanan gerak sing ngetokake keprigelan (Haryatmo dkk, 2003:14).
4. Asmaradana
    Tembang asmaradana nduweni watak sedih, kangen, lan mesra. Watak kasebut luwih mathuk digunakake kanggo ngutarakake rasa sedih, kangen, lan mesra (Haryatmo dkk, 2003:18).
5. Dhandanggula
         Watak dhandhanggula karaktere manis, luwes sarta memukau. Tembang iki cocok digunakna kanggo nggambarake akeh prekara lan kahanan (Hardjowirogo dkk dalam Haryatmo, 2003:12).
  6. Gambuh
     Tembang gambuh sing nduweni watak wajar, jelas, lan ora ragu-ragu. Tembang iki cocok digawe ngungkapake prekara sing sifate kulawarga, pitutur sarta nggambarake kesungguhane ati (Haryatmo dkk, 2003:20).
7. Maskumambang
    Tembang maskumambang nduweni watak susah, nelangsa, trenyuh, nelangsa lan kebak pacoban. Tembang iku cocok digawe nggambarake kahanan sedih, trenyuh, nelangsa lan kebak kasengsaraan (Haryatmo dkk, 2003:21).
8. Durma
     Tembang durma dhuweni watak semangat, atos, galak. Watak kasebut cocok digunakake kanggo ngungkapna rasa nesu, mangkel, lan kahanan ing peperangan (Haryatmo dkk, 2003:22).
9. Pangkur
       Nggambarake watak utawa karakter sing gagah, perwira, bergairah, lan bersemangat. Cocok digawe nuturi supaya semangat, nggambarake carita sing berapi-api, sarta nggambarake kahanan sing suarane atos (Haryatmo dkk, 2003:13).
10. Megatruh
      Tembang megatruh nduweni watak susah, sedih, kebak karo kasengsaran, lan nelangsa. Watak kasebut cocok kanggo nggambarake kahanan sedih, kebak karo kasengsaran, kuciwa, lan nelangsa (Haryatmo dkk, 2003:21).
11. Pucung
    Tembang pucung nduweni watak santai, sakarepe, cocok kanggo nggambarake kahanan santai, sakarepe, lan kurang tenanan (Haryatmo dkk, 2003:19).



Sumber: 
Haryatmo, Dkk. 2003. Macapat Modern dalam Sastra Jawa: Analisis   Bentuk   dan Isi. Jakarta: Pusat Bahasa Departemen Pendidikan Nasional. 







0 komentar:

Posting Komentar

Recent Posts

QC

Diberdayakan oleh Blogger.

Translate