Kamis, 06 Maret 2014

(2). Sajarah Tembang Macapat


          Miturut sejarah, sastra Jawa uwis katempu dalandawa saksuwene sepuluh abad.      Budayasastra Jawa uwis nglairake pagawean apik lan kebak perkara gaib sarta nduweni wujud sing beda. Sing mbedakno iku bisa didelok ora mung saka gambaran kesastraan miturut umum ananging uga didelok saka gambaran kasusastran Jawa dewe adhedasar jaman menyang jaman. Kanthi cara tradisional sastra Jawa dikelompokake dadi telung babagan adhedasar basa sing digunakne, yaiku sastra Jawa kuna, sastra Jawa tengahan, lan sastra Jawa anyar. Salah sijine sastra Jawa sing isih kerep dipetuki lan dadi pasinaon basa daerah ing sekolah yaiku tembang macapat (Saputra, 2010: 8-18). Tembang macapat utawa miturut tradisional disebut karo sekar macapat minangka paugeran sastra Jawa anyar. Liyane macapat, ana karya sastra Jawa sing liyane yaiku kakawin, kidung, parikan, wangsalan, singir, guritan lan geguritan.
          Miturut prekiraan kanthi umum, macapat lahir ing akhir pemerintahane Majapahit lan oleh pengaruh Walisanga. Ananging, prekara iki among bisa diomongne kanggo kahanan ing Jawa Tengah amarga ing Kawa Timur lan Bali macapat uwis dikenal sakdurunge Islam teka. Bukti saka pranyata kasebut siji teks saka Bali lan Jawa Timur yaiku Kidung Ranggalawe didhawuhake uwis rampung anggone nulis ing taun 1334 
Masehi.


Sumber:
Saputra, K.H. 2010. Sekar Macapat. Jakarta: Wedatama Widya Sastra
Wikipedia. 2013. Tembang Macapat, (Online), (id.wikipedia.org/wiki/Macapat),
          diakses 18 Januari 2014.       

































0 komentar:

Posting Komentar

Recent Posts

QC

Diberdayakan oleh Blogger.

Translate