Selasa, 11 Maret 2014

(4). Watak Tembang Macapat





           1.  Mijil
        Tembang mijil nduweni watak nrenyuh lan kepencut. Tembang kasebut trep dienggo ngutarakake kahanan trenyuh, nyemsemake ing kaitane karo katresnan lan pitutur (Haryatmo lsp, 2003:17).
2. Kinanthi
            Watak tembang kinanthi yaiku nyawiji, seneng lan raket. Watak kasebut trep kanggo menehi pitutur lan ngutarakake katresnan (Haryatmo dkk, 2003:16).
     3. Sinom
        Tembang sinom nduweni watak seneng, seneng banget lan memikat. Saka sisih paedahe, tembang sinom mathuk kanggo nggambarake kahanan gerak sing ngetokake keprigelan (Haryatmo dkk, 2003:14).
4. Asmaradana
    Tembang asmaradana nduweni watak sedih, kangen, lan mesra. Watak kasebut luwih mathuk digunakake kanggo ngutarakake rasa sedih, kangen, lan mesra (Haryatmo dkk, 2003:18).
5. Dhandanggula
         Watak dhandhanggula karaktere manis, luwes sarta memukau. Tembang iki cocok digunakna kanggo nggambarake akeh prekara lan kahanan (Hardjowirogo dkk dalam Haryatmo, 2003:12).
  6. Gambuh
     Tembang gambuh sing nduweni watak wajar, jelas, lan ora ragu-ragu. Tembang iki cocok digawe ngungkapake prekara sing sifate kulawarga, pitutur sarta nggambarake kesungguhane ati (Haryatmo dkk, 2003:20).
7. Maskumambang
    Tembang maskumambang nduweni watak susah, nelangsa, trenyuh, nelangsa lan kebak pacoban. Tembang iku cocok digawe nggambarake kahanan sedih, trenyuh, nelangsa lan kebak kasengsaraan (Haryatmo dkk, 2003:21).
8. Durma
     Tembang durma dhuweni watak semangat, atos, galak. Watak kasebut cocok digunakake kanggo ngungkapna rasa nesu, mangkel, lan kahanan ing peperangan (Haryatmo dkk, 2003:22).
9. Pangkur
       Nggambarake watak utawa karakter sing gagah, perwira, bergairah, lan bersemangat. Cocok digawe nuturi supaya semangat, nggambarake carita sing berapi-api, sarta nggambarake kahanan sing suarane atos (Haryatmo dkk, 2003:13).
10. Megatruh
      Tembang megatruh nduweni watak susah, sedih, kebak karo kasengsaran, lan nelangsa. Watak kasebut cocok kanggo nggambarake kahanan sedih, kebak karo kasengsaran, kuciwa, lan nelangsa (Haryatmo dkk, 2003:21).
11. Pucung
    Tembang pucung nduweni watak santai, sakarepe, cocok kanggo nggambarake kahanan santai, sakarepe, lan kurang tenanan (Haryatmo dkk, 2003:19).



Sumber: 
Haryatmo, Dkk. 2003. Macapat Modern dalam Sastra Jawa: Analisis   Bentuk   dan Isi. Jakarta: Pusat Bahasa Departemen Pendidikan Nasional. 







Jumat, 07 Maret 2014

(3). Tegese Tembang Macapat



  Satunggaling pamanggih, kangge pengeling-eling sekar macapat (11 sekar) ingkang nggambaraken cakramanggilinganing tiyang (daur hidup), saking lair ngantos pejah. Bab menika namung satunggaling usul, bokmenawi taksih wonten pamanggih sanesipun. Sedaya kedah dipunkurmati, amrih gampil mangertosipun.
  1. Bayi lair, nami tembangipun : mijil
  2. Bayi saya ageng prelu dipunlatih mlampah, nami tembangipun kinanthi
  3. Tuwuh dados temaja, nami tembangipun si enom : sinom
  4. Menawi enem nandhang asmara, nami tembangipun asmaradana
  5. Asmara menika endah, manis, nami tembangipun : dhandhanggula
  6. Asmara ingkang nyawiji (gambuh) mbangun kulawarganami tembangipun: gambuh
  7. Gesang tansaya sepuh, penggalihanipun dereng menep antawisipun nepsu kadonya lan akherat, taksih kambang-kambang, nami tembangipun            : maskumambang
  8. Penggalihipun wiwit condhong dhateng kapentingan uhkrowi utawi akherat, nami tembangipun : durma
  9. Yuswa sepuh, penggalihipun saya ngungkuraken kadonyannami tembangipun pangkur
  10. Tiyang seda menika pegat/pedhot ruhipun/nyawanipunnami tembangipunmegatruh
  11. Mayit dipunbuntel dados pocongnami tembangipun : pucung
 Sumber:
     Saputra, K.H. 2001. Sekar Macapat. Jakarta: Wedatama Widya Sastra.

(2). Paugeran Tembang Macapat


         Paugeran utawa aturan ing panulisan tembang macapat miturut (Padmoesoekotjo, 1953: 19) dibagi dadi telu yaiku guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Delengen terbela ing ngisor iki!

No
Nama Tembang
Guru Gatra
Guru Wilangan/ Guru Lagu
1
Maskumambang
4
12i, 6a, 8i, 8a

2
Pucung
4
12u, 6a, 8i, 12a

3
Gambuh
5
7u, 10u, 12i, 8u, 8o

4
Megatruh
5
12u, 8i, 8u, 8i, 8o

5
Mijil
6
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u

6
Kinanthi
6
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

7
Durma
7
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i

8
Pangkur
7
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

9
Asmaradhana
7
8i, 8a, 8e/8o, 8a, 7a, 8u, 8a

10
Sinom
9
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
11
Dhandhanggula
10
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a

Sumber:
Padmoesoekotjo. 1953. Ngrengrengan Kasusastran Djawa. Jogjakarta: 
Hien Hoo  Sing.







(1). Nyrawungi Peperangan Paugeran Macapat



           Paugeran tembang macapat utawa kasebut uga minangka paugeran tembangr nduweni kagunan kanggo ngatur lan mbedakake saben jenise tembang wetara tembang sing siji karo tembang sing liyane. Paugeran ing tembang macapat nyocokake karo jenis tembange (Laginem lsp, 1996:14). Miturut salah siji dwija basa Jawa, tembang diperangake ing telung kelompok. Kelompok kapisan ngutarakake sing kagolong macapat yaiku: kinanthi, pucung, asmaradhana, mijil, maskumambang, pangkur, sinom, dhandhanggula, lan durma. Sabanjure kelompok sing kapindo minangka tembang tengahan yaiku: megatruh, gambuh, wirangrong, balabak, dan jurudemung. Minangka kelompok katelu yaiku tembang gedhe utawa kerep kasebut karo girisa (Padmoesokotjo, 1953:19.

Ing pamulang iki, arep nyinaoni tembang macapat wetara liya: mijil, maskumambang, kinanthi, sinom, asmaradhana, durma, dhandhanggula, gambuih, pangkur, megatruh, dan pucung. Jumlahe ana sewelas jenis tembang lan disumbutake karo tingkatan kanggo Sekolah Menengah Pertama. Jumlah tembang macapat sewelas iki uwis kerep kita rungokake wektu pasinaon basa Jawa.



Sumber:
    Laginem, dkk. 1996. Macapat Tradisional dalam Bahasa Jawa. Jakarta: Pusat   Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
     Padmoesoekotjo. 1953. Ngrengrengan Kasusastran Djawa. Jogjakarta: Hien Hoo  Sing.


Kamis, 06 Maret 2014

(1). Pathining Teges Tembang Macapat




Karya sastra Jawa sing minangka warisane leluhur ana akeh maceme sing bisa awake dhewe petuki nganti saiki. Salah sawijine geguritan Jawa sing kerep awake dhewe rungokake yaiku tembang macapat, sing minangka pametu cipta sastra Jawa anyar sing nggunakake basa Jawa anyar (Saputra, 2010: 12-13). Miturut ukura liyane, tembang macapat yaiku minangka wujud geguritan Jawa sing migunakake bahasa Jawa anyar, tinalenan karo paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Macapat kagolong geguritan tradisional Jawa, saben ayat macapat nduweni baris ukara sing kasebut gatra, lan saben gatra nduweni sakrenane guru wilangan tartamtu, lan akhir saka suara sing disebut guru lagu. Tembang macapat diartekne dadi maca papat-papat, yaiku maksude cara maca sing kajalin saben papat suku tembung.

Sumber:
Saputra, K.H.2010. Sekar Macapat. Jakarta. Wedatama Widya Sastra.
Wikipedia.2013. Tembang Macapat, (Online), (id.wikipedia.org/wiki/
   Macapat), diakses 18 Januari 2014

(3). Kagunan Tembang Macapat


          Tembang macapat minangka salah sawijine warisan leluhur lan karya sastra   sing nduweni tanda seje dewe dewe. Yen nulis tembang macapat nduweni paugerane yaiku metrum sing beda-beda saka saben tembang. Liyane iku saben tembang nduweni karep utawa watak sing minangka tanda mlakune manungsa saka lair nganti metuki mati dirangkum ing saben tembang macapat.
           Kagunan tembang macapat sing dijabarake dening Warsesa ing Suwardi (2006:15) bisa dikelompokake dadi mangkene manut karo watak tembang.

No.
Maneka warna tembang
Tabiyat
Kagunan
1.
Mijil
Asih, prihatin, pangajab
Mulang tiyang ingkang nembe prihatin
2.
Kinanthi
Seneng asih, kasmaran, krasa ngenteni
Mituturi, pratelan tresna, gandrung
3.
Sinom
Ethes, kenes, susah, trenyuh, luruh
Mulang, nggambara
4.
Asmaradana
Tresna, susah, kesengsem
Mahyaaken tresna, kasmaran
5.
Dhandhanggula
Luwes, seneng, endah
Kangge menapa kemawon cocok
6.
Gambuh
Sumanak, sumedulur
Mulang, mituturi
7.
Maskumambang
Nelangsa, ngeres-eresi, susah
Mahyaaken raos nelangsa, susah
8.
Durma
Keras, nepsu, semangat, tegang
Tiyang nesu, perang
9.
Pangkur
Sereng, nepsu
Pitutur radi srengen
10.
Megatruh
Prihatin, getun, keduwung, sedhih
Cariyos sedhih, prihatin, nelangsa
11.
Pucong
Sembrana, parikena
Cangkriman, lelucon, goyun
                          
Sumber: 
            Suwardi. 2006. Dasar-Dasar Pembelajaran Tembang. Bahan Pelatihan Bahasa Jawa     SMA/MA/SMK Dinas Pendidikan Kabupaten Magelang, Magelang, 22-23 Juli.



Recent Posts

QC

Diberdayakan oleh Blogger.

Translate